dcsimg
Image of pak choi
Creatures » » Plants » » Dicotyledons » » Crucifers »

Pak Choi

Brassica rapa subsp. chinensis (L.) Hanelt

Sawi ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Sawi ya iku sayuran kang kalebu marga Brassica.[1] Godhong lan kemban wi digunakaké dadi bahan pangan ya iku dadi sayuran.[1] Sawi dipangan nalika isih seger. Kena uga diolah utawa dimasak.[1] Sawi iku kalebu spésies Brassica kang padha siji lan sijiné.[1]

Ing Indonésia istilah sawi lumrahé nyebutaké sawi ijo ya iku Brassica rapa saka kelompok parachinensis.[1] Sawi ijo nduwéni jeneng liya ya iku sawi bakso, caisim, utawa caisin.[1] Sawi ijo uga nduwéni khasiat kanggo nyegah kanker.[1] Saliyané sawi ijo ana uga jinis sawi liyané kaya ta sawi putih.[2] Sawi putih kalebu kalompok pekinensis utawa petsai.[2] Sawi putih lumrahé digawé sop utawa diolah dadi asinan.[2] Ana uga sawi sayur kang rada mirib karo sawi ijo.[2] Jinis liyané ya iku Kailan utawa Brassica oleraceae saka kelompok alboglabra.[2] Sawi jinis iki ya iku sayuran godhong kang nduwéni godhong kang kandel.[2] Sawi jinis iki cocog kanggo dadi bahan campuran mi goréng.[2] Ana uga kang diarani sawi sendok utawa pakcoy utawa bok choy.[2] Sawi jinis iki kalebu sawi kang wiwit dingertèni ing Indonésia.[2]

Sawi cocog ditandur ing tlatah kang nduwéni suhu antarané 23-35oC lan lembap kang dhuwur.[2] Sawi ora bisa urip ing panggoan kang akèh udan, awit udan bisa ngurak godhong sawi lan nggawé èlèk kualitas sawi.[2] Nggunakaké omah kanggo njaga sawi saka udan utawa struktur kang jaring-jaring bisa kanggo ngurangi èfèk udan ing wit sawi.[2] Yèn nandur sawi, lemah kang dikanggoake nandur kudu dipacul nganti 15-20 cm.[2] Banjur wates kang ukuran ambané 1,2 mèter, dawané 7,5 mèter lan dhuwuré 20-30 cm.[2]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g Sawi Hijau Cegah Kanker(dipunudhuh tanggal 10 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i j k l m n sawi teknologipertanian.com(dipunundhuh tanggal 10 Juni 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Sawi: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Sawi ya iku sayuran kang kalebu marga Brassica. Godhong lan kemban wi digunakaké dadi bahan pangan ya iku dadi sayuran. Sawi dipangan nalika isih seger. Kena uga diolah utawa dimasak. Sawi iku kalebu spésies Brassica kang padha siji lan sijiné.

Ing Indonésia istilah sawi lumrahé nyebutaké sawi ijo ya iku Brassica rapa saka kelompok parachinensis. Sawi ijo nduwéni jeneng liya ya iku sawi bakso, caisim, utawa caisin. Sawi ijo uga nduwéni khasiat kanggo nyegah kanker. Saliyané sawi ijo ana uga jinis sawi liyané kaya ta sawi putih. Sawi putih kalebu kalompok pekinensis utawa petsai. Sawi putih lumrahé digawé sop utawa diolah dadi asinan. Ana uga sawi sayur kang rada mirib karo sawi ijo. Jinis liyané ya iku Kailan utawa Brassica oleraceae saka kelompok alboglabra. Sawi jinis iki ya iku sayuran godhong kang nduwéni godhong kang kandel. Sawi jinis iki cocog kanggo dadi bahan campuran mi goréng. Ana uga kang diarani sawi sendok utawa pakcoy utawa bok choy. Sawi jinis iki kalebu sawi kang wiwit dingertèni ing Indonésia.

Sawi cocog ditandur ing tlatah kang nduwéni suhu antarané 23-35oC lan lembap kang dhuwur. Sawi ora bisa urip ing panggoan kang akèh udan, awit udan bisa ngurak godhong sawi lan nggawé èlèk kualitas sawi. Nggunakaké omah kanggo njaga sawi saka udan utawa struktur kang jaring-jaring bisa kanggo ngurangi èfèk udan ing wit sawi. Yèn nandur sawi, lemah kang dikanggoake nandur kudu dipacul nganti 15-20 cm. Banjur wates kang ukuran ambané 1,2 mèter, dawané 7,5 mèter lan dhuwuré 20-30 cm.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia