dcsimg

Anasa tristis ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Anasa tristis saka kulawarga Coreidae ya iku jinis kepik kang dadi ama tumrap tuwuhan labu lan kang sajinis. Kepik iki dadi vèktor bakteri Serratia marcescens kang njalari lelara kuning. Nalika keganggu, Anasa tristis ngasilaké ganda sengak.

Wedharan

Anasa tristis diwasa wujud gegremet warna soklat semu klawu kang dawané udakara 1,5 cm lan ambané 0,75 cm. Kadhangkala ana brintik soklat semu emas sadawané pinggir weteng. Kepik diwasa umuré nganti 3-4 sasi.[1].[2].

Papan urip

Anasa tristis urip ing tuwuhan kulawarga labu (Cucurbitaceae), kalebu semangka, timun lan melon[2].

 src=
Endhog Anasa tristis

Mapane Anasa tristising tuwuhan labu perluné nyesep tlutuh saka godhong lan kadhangkala uga wohé. Iler Anasa tristis njalari godhong layu lan palastra. Saliyané nyesep tultuh, kepik iki uga nyebaraké kruma bakteri Serratia marcescens kang mbebayani tumrap tuwuhan[3].

Rujukan

  1. Mertz, Leslie (20 January 2016). "Squash Bugs Still Making Growers Crazy After All These Years". Entomology Today. Dijupuk 29 March 2016.
  2. a b Capinera, John (1 March 1999). "Squah bug: Anasa tristis". Featured Creatures. IFAS. Dijupuk 29 March 2016.
  3. Boucher, T. Jude (1 May 2005). "Cucurbit Yellow Vine Disease (CYVD) In Connecticut". University of Connecticut, Cooperative Extension System. Dijupuk 30 March 2016.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Anasa tristis: Brief Summary ( Javanese )