dcsimg

Porifera ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Porifera iku asalé saka tembung porus kang duwé arti bolongan cilik lan ferre kang tegesé duwé. Porifera iku kéwan kang duwé bolongan-bolongan cilik utawa kéwan kang duwé pori-pori. Porifera duwé saluran banyu kang ngatur sirkulasi banyu ing awaké. Rupané kéwan saka jinis iki rupa-rupa ana kang kaya piala, terompet, lan ana kang akèh pangé kaya tuwuhan.[1] Awaké némpél ing dhasar banyu, ana kang ana warnané lan uga ana kang ora duwé warna.[1] Porifera ora duwé organ pencernaan, sistem saraf, lan sistem perédharan getih.[1] Sistem réprodhuksiné ana loro ya iku séksual lan aséksual.[2] Lapisan kang nyusun awak Porifera saka jaba mara jero ya iku:

  • Epidhérmis utawa lapisan kang paling jaba. Lapisan iki disusun saka pinakosit (sél epitelium pipih).[1]
  • Mesoglea(gelatin) lapisan iki dadi lapisan kanggo watesé sél epidhérmis lan lapisan éndhodhérmis.[1] Lapisan iki dibagi manèh dadi loro, ya iku:
    • sél-sél ameboid, fungsiné sél iki kanggo ngangkud zat panganan lan zat luwihan metabolisme saka sél kang siji mara sel liyané[1]
    • sel skleroblas, fungsiné kanggo gawé spikula.[1] Spikula iku ri kang fungsiné kanggo nguataké sel dhinhing kang amoh.[1] Spikula rupané rupa-rupa kang komposisiné saka zat kapur, zat kersik, lan ana uga spongin kang saka protéin.[1]
  • Éndhodhérmis utawa lapisan jero, lapisan iki saka koanosit kang duwé flagela lan fungsiné kanggo mencerna panganan.[1]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j (Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.172)
  2. (Pratiwi, D.A.(2007)."Biologi SMA untuk Kelas X Jilid 1".Jakarta:Erlangga. Hal.173)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Porifera: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Porifera iku asalé saka tembung porus kang duwé arti bolongan cilik lan ferre kang tegesé duwé. Porifera iku kéwan kang duwé bolongan-bolongan cilik utawa kéwan kang duwé pori-pori. Porifera duwé saluran banyu kang ngatur sirkulasi banyu ing awaké. Rupané kéwan saka jinis iki rupa-rupa ana kang kaya piala, terompet, lan ana kang akèh pangé kaya tuwuhan. Awaké némpél ing dhasar banyu, ana kang ana warnané lan uga ana kang ora duwé warna. Porifera ora duwé organ pencernaan, sistem saraf, lan sistem perédharan getih. Sistem réprodhuksiné ana loro ya iku séksual lan aséksual. Lapisan kang nyusun awak Porifera saka jaba mara jero ya iku:

Epidhérmis utawa lapisan kang paling jaba. Lapisan iki disusun saka pinakosit (sél epitelium pipih). Mesoglea(gelatin) lapisan iki dadi lapisan kanggo watesé sél epidhérmis lan lapisan éndhodhérmis. Lapisan iki dibagi manèh dadi loro, ya iku: sél-sél ameboid, fungsiné sél iki kanggo ngangkud zat panganan lan zat luwihan metabolisme saka sél kang siji mara sel liyané sel skleroblas, fungsiné kanggo gawé spikula. Spikula iku ri kang fungsiné kanggo nguataké sel dhinhing kang amoh. Spikula rupané rupa-rupa kang komposisiné saka zat kapur, zat kersik, lan ana uga spongin kang saka protéin. Éndhodhérmis utawa lapisan jero, lapisan iki saka koanosit kang duwé flagela lan fungsiné kanggo mencerna panganan.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia