dcsimg

Lauraceae ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Suku kamfer-kamferan utawa Lauraceae iku salah siji suku anggota tetuwuhan ngembang. Miturut sistem klasifikasi APG II suku iki kalebu sajeroning bangsa Laurales, klad magnoliids.

Sajeroning suku iki kalebu manéka tetuwuhan bumbon crakèn awujud wit, kaya ta laurel (salam Éropah), sarta kulit manis (Cinnamomum zeylanicum) lan cassia vera (C. burmanii). Kayu aroma sing ditepungi minangka kayu kamfer/kamper (C. camphora) wis ditepungi wiwit éwonan taun minangka prodhuk èkspor saka Sumatra. Jenengé dijupuk saka korupsi tumrap jeneng pelabuhan utama pangirimé, Barus utawa Pancur (wong Arab ngarani Fansur). Jinis kayu aromatik liyané sing didagangaké kawit biyèn ya iku mesoyi, sing serutan kayuné kanggo campuran ratus.

Lauraceae akèh ngasilaké wit kantèhi kualitas kayu sing apik.

Marga/Genera

(*: Machilus asring digabungaké sajeroning Persea minangka anakmarga)

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Lauraceae: Brief Summary ( Javanese )