dcsimg

Hemiptera ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Hemiptera iku ordho saka gegremet sing uga ditepungi minangka kepik sajati (sanajan sapérangan anggota Hemiptera dudu kepik sajati). Hemiptera kapérang saka 80.000 spésies[2] gegremet kaya déné tonggèrèt, tuma godhong, anggang-anggang, walang sangit, lan liya-liyané. Kéwan-kéwan iki kabèh duwé ciri-ciri mirunggan ya iku cangkem awangun dom lan ora ngalami metamorfosis sampurna.

Gegremet cilik sing ditepungi minangka kepik (ladybug) ora kalebu sajeroning Hemiptera, nanging kalebu sajeroning ordho Coleoptera (kumbang) amarga duwé béda ing pérangan anatomi lan siklus uripé.

Rujukan

  1. Hemiptera. Integrated Taxonomic Information System (Sistem Informasi Taksonomi Gegremet sing Kagabung).
  2. Hemiptera DiscoverLife.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Hemiptera: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Hemiptera iku ordho saka gegremet sing uga ditepungi minangka kepik sajati (sanajan sapérangan anggota Hemiptera dudu kepik sajati). Hemiptera kapérang saka 80.000 spésies gegremet kaya déné tonggèrèt, tuma godhong, anggang-anggang, walang sangit, lan liya-liyané. Kéwan-kéwan iki kabèh duwé ciri-ciri mirunggan ya iku cangkem awangun dom lan ora ngalami metamorfosis sampurna.

Gegremet cilik sing ditepungi minangka kepik (ladybug) ora kalebu sajeroning Hemiptera, nanging kalebu sajeroning ordho Coleoptera (kumbang) amarga duwé béda ing pérangan anatomi lan siklus uripé.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia