dcsimg

Siamang ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Siamang ya iku kethèk tanpa buntut kang nduwéni lengen kang dawa. Siamang urip ing wit-witan.[1] Siamang bisa mencolot lan mènèk wit-witan kanthi kesit saéngga ora ana prédhator kang bisa nyekel lan mangan siamang.[1] Siamang kalebu spésies kang kaancem cures awit pambabadan habitaté kang rikat.[1] Siamang ora nduwé buntut lan nduwéni pawakan kang kurang tegap.[2] Siamang nduwéni prakembangan polo kang apik.[2] Siamang wernané ireng soklat rada abang. Kethèk iki nduwéni aneman ing antarané driji kang nomer loro lan nomer telu.[2]

Pakanan

Siamang kalebu kéwan omnivora.[2] Kurang luwih 75 % pakanané siamang ya iku woh-wohan, saliyané iku godhong, kembang, wiji-wijian, lan kulit kayu.[2] Siamang uga mangan gegremet, monggo, endhog manuk, manuk kang ukurane cilik.[2] Siamang kalebu kéwan kang wedi banyu.[2] Siamang bakal nyelupaké sikilé ing banyu lan ngosok-nggosokaké tangan ing godhong kang teles lan ngisep banyu ing wulu sikilé.[2] Banyu kang sisesep iki mau dadi banyu ngombene siamang.[2]

Reproduksi

Siamang bisa manak nalika umuré 5-7 taun.[1] Siamang wadon bakal nglairaké anak kang wis ana ing njero weteng kurang luwih 8 sasi.[1] Siamang kang lagi waé lair nduwéni rambut kang luwih sithik tinimbang siamang kang diwasa.[1] Déné aboté siamang kang lagi lair kurang luwih 6 ons.[1] Induk siamang bakal ngingoni siamang kang isih cilik.[1] Anak siamang bakal némplék ing wetengé ibuné supaya anget.[1] Anak siamang disapih nalika umuré wis setaun.[1] Anak siamang urip bareng karo ibuné kurang luwih nganti 5-7 taun.[1]

Cathetan suku

  1. a b c d e f g h i j k All About Gibbons enchantedlearning.com(dipunundhuh tanggal 5 Juni 2011)
  2. a b c d e f g h i Siamang honoluluzoo.org.com(dipunundhuh tanggal 5 Juni 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Siamang: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Siamang ya iku kethèk tanpa buntut kang nduwéni lengen kang dawa. Siamang urip ing wit-witan. Siamang bisa mencolot lan mènèk wit-witan kanthi kesit saéngga ora ana prédhator kang bisa nyekel lan mangan siamang. Siamang kalebu spésies kang kaancem cures awit pambabadan habitaté kang rikat. Siamang ora nduwé buntut lan nduwéni pawakan kang kurang tegap. Siamang nduwéni prakembangan polo kang apik. Siamang wernané ireng soklat rada abang. Kethèk iki nduwéni aneman ing antarané driji kang nomer loro lan nomer telu.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia