Temu lawak (Curcuma xanthorhiza L.) (en:Java Turmeric)[1] iku tuwuhan usada kang kagolong sajeroning suku pala kapendhem (temu-temuan) (Zingiberaceae). Tuwuhan iki asalé saka Indonésia, mligi Pulo Jawa.
Ing Jawa, tuwuhan iki diarani temulawak, ing Sunda diarani koneng gedhé, déné ing Madura diarani temu labak.
Tuwuhan temu lawak bisa tuwuh dhuwuré nganti 2 m, duwé kembang awarna kuning. Oyod temulawak (rimpang) asring digunakaké minangka bahan usada tradhisional.
Temulawak kalebu tuwuhan Terne kang duwé gagang semu dhapuran, habitusé bisa nganti 2-2,5 mèter, saben dhapuran ana 3-9 anakan lan saben tuwuhan duwé 2-9 ron.[2]
Oyod temulawak kang padatan diarani rimpang kawangun kanthi sampurna lan pangé kuat, wernané ijo peteng. Rimpang induk bisa duwé 3-4 rimpang.[3] Werna kulit rimpang coklat rada abang utawa kuning tuwa, déné warna dagingé oranye tuwa utawa kuning.[3] Rimpang temulawak kawangun ing jero lemah, jeroné udakara 16 cm. Padatan, saben dhapuran duwé 6 rimpang tuwa lan 5 rimpang enom.[3] Khasiat rimpang temulawak ya iku kanggo antiradang, nambah prodhuksi ASI, anti racun empedhu, ngudhunaké kolésterol, diurètik, tonikum, lan ngilangaké nyeri ing sendhi.[3]
Temulawak kalebu jinis tuwuhan hèrba kang gagangé semu lan dhuwuré bisa nganti 2-2,5 mèter, wernané ijo utawa coklat peteng.[3] Godhongé padha nutupi nganti kawangun gagang.[3] Temulawak bisa urip apik ing tlatah dhataran cendhèk nganti dhuwur 750 mèter sadhuwuré lumah segara.[3]
Saben gagang duwé godhong kang cacahé 2-9 kanthi wujud bunder ndawa kaya godhong gedhang, wernané ijo utawa coklat rada ungu, dawané 31–84 cm lan ambané 10–18 cm.[3]
Temulawak duwé kembang kang dhapuré nggrombol, cendhak lan amba, wernané putih utawa kuning tuwa lan bongkot kembangé wernané ungu.[3] Kembang majemuk dhapuré bulir, bunder dawa, dawané 9–23 cm, ambané 4–6 cm. Kembang thukul kanthi cara giliran saka kantong-kantong godhong pengayom kang gedhé lan manéka warna ukurané uga wernané.[3] Makutha kembang wernané abang, dhapuré tabung (silinder) kanthi dawa 4,5 cm, mekrok ing wayah ésuk lan alum nalika soré.[3]
Temulawak wis dimangertèni ngandhut senyawa kimia kang duwé aktivitas fisiologis, ya iku kurkuminoid lan lenga atsiri.[3] Kurkuminoid mènèhi warna kuning ing rimpang kang sipaté anti-baktèri, anti-kanker, anti-tumor, lan anti-radang, ngandhut anti-oksidan lan hypokolèsteromik.[3] Déné lenga atsiri duwé rasa lan ambu kang khas. Isi lenga atsiri ing rimpang temulawak 3-12%.[3]
Miturut éksplorasi, rimpang temulawak ngandhut akèh zat kimiawi kang mènèhi èfèk positif kanggo organ manungsa kaya ta empedhu, ati, lan pankréas.[3] Prabawané kanggo empedu ya iku bisa nyegah kawanguné watu lan kolesistisis.[3] Ing ati, zat temulawak ngrangsang sèl ati nggawé empedhu, nyegah hépatitis, lan lara ati, ngéwangi ngudhunaké kadar SGOT lan SGPT uga kanggo anti-hépatotoksik.[3] Kajaba iku, temulawak uga bisa ngrangsang fungsi penkréas, nambah seléra mangan, ngrangsang mlakuné sistem hormon métabolisme lan fisiologi awak.[3]
Temulawak wis kawentar dadi tuwuhan kang nggawé jamu lan tamba manéka warna lelara. Temulawak duwé khasiat laktagoga, kolagoga, anti-inflamasi(anti radang), tonikum lan diuretik (ngluruhaké uyuh). Lenga atsiri temulawak uga duwé khasiat fungistatik ing akèh jinis jamur lan bakteriostatik ing mikroba Staphyllococcus sp. dan Salmonella sp.
Kontèn kolagoga saka temulawak duwé mupangat kanggo ngundhakaké prodhuksi lan sèrèksi empedu kang kerjané kolekinetik lan koleretik, diéwangi kanthi kerja kolekinetik dilakokaké déning fraksi kurkuminoid, déné kerja kolerotik dilakokaké déning komponèn saka fraksi lenga atsiri. Kasilé kanthi ngundhakaké prodhuksi cuwèran empedu, mula partikel padhet ing kandhung empedu bisa kélong. Kaanan iki ngelongi kolik empedu, weteng kembung amarga gangguan métabolisme lemak lan ngudhunaké kadhar kolèsterol getih kang dhuwur.[4]
Anthorrhizol kang kaandhut ing rimpang temulawak apik banget kanggo antimikroba lan antibaktéri. Temulawak bisa minangka bètèng pertahanan untu. Baktèri-baktèri kaya ta streptococcus, actinomyces viscocus lan porphyromonas gingivalis kang gawé kroposé untu bisa dipatèni nganggo ekstrak temulawak.[5]
Osteoarthtritis ya iku saya tipisé sendi amarga mudhuné aji glukosamin dan kandroitin ing balung enom kang bisa njalaraké radang sendi. Lara iki padatan nyerang wong kang wis tuwa (lansia). Temulawak bisa nyegah radang sendi amarga duwé èfèk anti inflamasi.[5]
Kandhutan lenga atsiri ing temulawak bisa ngilangaké flèk-flèk ireng ing rai lan njaga élastisitas kulit. Temulawak bisa nyegah thukulé kukul (jerawat) lan uga bisa ngresiki noda ireng ing kulit rai amarga kukul mau.[5]
Temulawak uga duwé khasiat kanggo nambani manéka warna lelara, kaya ta hépatitis, bebelen(sembelit), mèncrèt (diaré), liver, radang ginjel, maag, asma, ambeien, rematik, lan pegel linu.[5]
Temu lawak (Curcuma xanthorhiza L.) (en:Java Turmeric) iku tuwuhan usada kang kagolong sajeroning suku pala kapendhem (temu-temuan) (Zingiberaceae). Tuwuhan iki asalé saka Indonésia, mligi Pulo Jawa.
Ing Jawa, tuwuhan iki diarani temulawak, ing Sunda diarani koneng gedhé, déné ing Madura diarani temu labak.
Tuwuhan temu lawak bisa tuwuh dhuwuré nganti 2 m, duwé kembang awarna kuning. Oyod temulawak (rimpang) asring digunakaké minangka bahan usada tradhisional.