dcsimg
Image of yellow velvetleaf
Creatures » » Plants » » Dicotyledons » » Water Plantain Family »

Yellow Velvetleaf

Limnocharis flava (L.) Buchenau

Gènjèr ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Gènjèr (Limnocharis flava) iku sawijining tuwuhanrawa sing akèh tinemu ing sawah utawa embengan cethèk. Lumrahé tinemu bebarengan karo ècèng gondhok. Gènjèr iku sumber sayuran "wong ora nduwé", sing dipangan wong ndesa nalika ora ana panènan sayuran liya. Tuwuhan iki uga diarani cénthongan, gendhot lan lenguk. Ing prasawungan internasional dikenal kanthi limnocharis, sawah-flower rush, sawah-lettuce, velvetleaf, yellow bur-head, utawa cebolla de chucho. Jeneng "paku rawan" rada mbingungaké amarga ora mlebu ing kulawarga tuwuhan paku.

Tembang gènjèr-gènjèr kang kondhang ing taun 1960an nyritakaké rekasané wong ndésa nalika jaman Jepang, kang ngundhuh gènjèr kanggo dikelan.

Ciri lan Panggonan

Tuwuhan sing bisa ngancik dhuwur nganti setengah mètèr iki gampang diprangguli ing embengan cethèk, kaya ta sawah utawa rawa; rimpang kandel lan tegak, slulup ing lendhut; godhongé tegak utawa miring, ora kemampul ing banyu (béda karo ècèng gondhok), papah-é dawa lan growong, godhongé ora ajeg padha; makutha kembang warnané kuning kanthi dhiamèter 1,5 cm, klopak kembang ijo. Lumrahé ora ditandur kanthi intensif, nanging bisa dibudidayakaké kanthi vègetatif lan uga generatif. Kembangé bisa thukul kapan waé.

Tuwuhan iki bisa dadi gulma sawah sing bisa ngrembaka ngéwuhaké yèn ora cékat-cèket ditandhangi. Mula, banjur minangka sawatara kabutuhan.

Kabudayan

Salah sawijining lagu saka Banyuwangi, Gènjèr-Gènjèr nggambaraké tuwuhan iki ing pangurapaning wong cilik. Lagu kanthi basa Using iku dinuga digawé déning Muhammad Arief ing taun 1940-an. Lagu iki banjur ora éntuk ditembangaké amarga dianggep cedhak karo prakara komunisme.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Gènjèr: Brief Summary ( Javanese )