dcsimg

Walang ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Walang iku insekta hèrbivor saka subordo Caelifera ing ordho Orthoptera.[1] Insekta iki duwé antena kang mèh mesthi luwih cendhak saka awaké lan uga duwé ovipositor cendhak. Swara kang ditimbulaké sapérangan spésies walang racaké diasilaké kanthi nggosokaké femur mburiné marang sewiwi ngarep utawa abdomen (karan stridulasi), utawa amarga kepakan swiwiné nalika mabur.[1] Femur mburiné lumrahé dawa lan kuwat kang cocog kanggo mlumpat.[1] Insekta iki lumrahé duwé suwiwi, sanadyan swiwiné sok ora bisa dipigunaaké kanggo mabur. Walang wadon lumrahé ukurané luwih gedhé tinimbang kang lanang.[1]

Filogeni

Orthoptera

Ensifera (crickets)

[6 superfamilies] Gryllus campestris MHNT.jpg


Caelifera (grasshoppers)


Tridactyloidea Ripipteryx mopana.jpg




Tetrigoidea Tetrix bipunctata01 crop.jpg




Eumastacidae Genera Insectorum - Eumastax vittata.jpg




Proscopiidae Pseudoproscopia spec. - Tiergarten Schönbrunn crop.jpg




Pneumoridae Bladder Grasshopper (Bullacris intermedia) (30068047440).jpg




Pyrgomorphidae Pyrgomorphidae - Phymateus aegrotus.JPG



Acrididae + Pamphagidae Annualreportofag1119021903univ 0052AA2 Figure 1.jpg









Minangka sumber pangan

 src=
Sawijining olahan saka walang

Walang dadi panganan kanggo masarakat Asia kaya ta Thailand lan Vietnam.[2] Van Huis nyebutake yèn walang ngandhut protéin 90 persén tinimbang daging sami kang mung ngandhut 40-70 protéin.[2]

 src=
Walang lagi kawin. Walang wadon kang ukuran awaké luwih gedhé

Uga delengen

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Walang: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Walang iku insekta hèrbivor saka subordo Caelifera ing ordho Orthoptera. Insekta iki duwé antena kang mèh mesthi luwih cendhak saka awaké lan uga duwé ovipositor cendhak. Swara kang ditimbulaké sapérangan spésies walang racaké diasilaké kanthi nggosokaké femur mburiné marang sewiwi ngarep utawa abdomen (karan stridulasi), utawa amarga kepakan swiwiné nalika mabur. Femur mburiné lumrahé dawa lan kuwat kang cocog kanggo mlumpat. Insekta iki lumrahé duwé suwiwi, sanadyan swiwiné sok ora bisa dipigunaaké kanggo mabur. Walang wadon lumrahé ukurané luwih gedhé tinimbang kang lanang.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia