Cinchona iku génus kang anggotané watara 25 spésies saka suku Rubiaceae kang asalé saka Amérika Kidul tropika. Anggota génus iki wujud tuwuhan perdu gedhé utawa wit cilik ijo abadi kang tuwuh nganti 5—15 mèter.
Kulit wit-é wujud sumber manéka jinis alkaloid, kang paling dikenal yakuwi kinina, sawijining senyawa antipiretik (penawar demam) kang mligi dianggo nambani malaria. Saka akèh pengasil kinina, mung C. officinalis lan C. pubescens (sin. C. succirubra) kang dibudidayaké ing perkebunan. C. officinalis subsp. ledgeriana kang dianggo minangka wit ngisor. Jinis-jinis iki dikenal sajeroning perdagangan minangka tuwuhan kina.