dcsimg

Lingsang tutul ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Lingsang tutul (Prionodon pardicolor) ya iku lingsang kang ana ing Asia Kidul-wétan. Kéwan iki sumebar amba sanajan cacahé mung sethithik lan arang kacathet, lan kalebu Ora Nyamari dening IUCN.[2]

Wedharan

Lungsang tutul saèmper karo lingsang lorèk, kanthi awak kang dawa, awak langsing, lan buntut dawa. Ulesé soklat kluwus.[3] Boboté udakara 1 lb (0.45 kg) lan dawané saka 14–15 in (360–380 mm), lan buntut 12–13 in (300–330 mm). Déné dhuwuré watara 5–5.5 in (130–140 mm).[4]

Sebaran lan habitat

Sebaran lingsang tutul kalebu ana ing wétan Nepal, Sikkim, Assam lan Bengali ing India, Bhutan, Myanmar sisih lor, Thailand sisih lor, Laos, Vietnam sisih lor, lan kulon Sichuan, Yunnan Guizhou lan kidul-kulon Guangxi ing Cina sisih kidul. Ing laladan kang amba kuwi, lingsang tutul arang ditemokaké lan pinuju langka. Lingsang tutul arang ditemokaké ing lor Bengal.[5]

Ékologi lan prilaku

Lingsang tutul kalebu kéwan nokturnal lan urip dhéwékan. Susuhé ana ing bolongan wit, kanggo ngaso lan sèlèh anak. Lingsang tutul bebedhag ing lemah lan sadhuwuré wit-witan lan mangan tikus, kodhok lan ula. Lingsang tutul uga mangan bathang.

Rujukan

  1. Wozencraft, W. C. (2005-11-16). Wilson, D. E., and Reeder, D. M. (eds), ed. Mammal Species of the World (ed. 3rd edition). Johns Hopkins University Press. ISBN 0-801-88221-4. CS1 dandani: Tèks keluwihen (link)
  2. a b Duckworth, J.W.; Lau, M.; Choudhury, A.; Chutipong, W.; Timmins, R.J.; Willcox, D.H.A.; Chan, B.; Long, B. & Roberton, S. (2016). "Prionodon pardicolor". The IUCN Red List of Threatened Species (IUCN) 2016: e.T41706A45219917. doi:10.2305/IUCN.UK.2016-1.RLTS.T41706A45219917.en. Dijupuk 15 January 2018.
  3. Van Rompaey, H. (1995). The Spotted Linsang, Prionodon pardicolor. Small Carnivore Conservation 13: 10–13.
  4. Hodgson, B. H. (1847). Observations on the manners and structure of Prionodon pardicolor. Calcutta Journal of Natural History 8: 40–45.
  5. Choudhury, A. U. (1999). Conservation of small carnivores (mustelids, viverrids, herpestids and one ailurid) in north Bengal, India. Small Carnivore Conservation 20: 15–17.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Lingsang tutul: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Lingsang tutul (Prionodon pardicolor) ya iku lingsang kang ana ing Asia Kidul-wétan. Kéwan iki sumebar amba sanajan cacahé mung sethithik lan arang kacathet, lan kalebu Ora Nyamari dening IUCN.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia