dcsimg

Nila (iwak) ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Iwak nila ya iku jinisé iwak kang urip banyu tawa. Iwak iki asal saka Afrika, kang dumunung ana ing Afrika pérangan wétan,ing taun 1969 lan mangsa saiki dadi iwak pangigonan kang misuwur ing kolam-kolam kang misuwur ing Indonésia. Jeneng ngèlmiahé ya iku Oreochromis niloticus, lan sajeroning basa Inggris misuwur kanthi sesebutan Nile Tilapia.

Iwak nila ing wujud dedegé mèmper karo iwak Mujaèr, kang bisa urip ana panggonané ing banyu butheg.[1] sing mbédakaké kekaroné ya iku pérangan warna buntut kang semu abang.[1] Iwak nila (Tilapia) saka Indonésia misuwur dadi iwak sing paling apik sak donya.[2] Iwak iki saka Tlaga Toba, Sumatera Lor.[2] Rahsiané ya iku saka pambudidayané ana ing banyu tlaga kang jeroné nganti 50 mèter kanthi suhu ana ing dhuwur lan ngisor banyu kurang luwih padha.[2] Saka rahasiané iku ndadékaké iwak nila saka nagarané dhéwé ora mambu blethok, kang sabanjuré ndadèkaké apik kwalitasé.[2] Ing Bali iwak Nila iki bisa diingoni ana banyu rawa lan ana ing tlaga.[3] Saka kasil panalitèn iwak Nila dadi komoditas unggulan nomer siji saka séktor perikanan sing bisa ngalahaké kerang kang manggon ana nomer loro.[3] Ing Kabupatén Purbalingga, Jawa Tengah akèh para kadang wong tani kang mauné ngingoni iwak Guramé, banjur malih dadi iwak Nila utawa Lèlè.[4] Amarga gampang payuné lan luwih ora gampang kaserang lelara.[4] Saka sajarahé iwak Nila iku uripé saka segara.[5] Déné nganti tekan dina iki bisa urip ana banyu rawa (payau) amarga saka perkembangan jaman kang bisa diingoni déning manungsa.[5] Iwak iki bisa dadi alternatif saliyané iwak Kakap.[5] Kurang luwih limang wulan bisa dipanén kanthi kasil kang luwih unggul yèn ta dibandingaké karo iwak Nila biyasa.[5]

Jinis

Aneka jinis anak iwak nila:

 src=
O. niloticus niloticus
  • Oreochromis niloticus baringoensis Trewavas, 1983
  • Oreochromis niloticus cancellatus (Nichols, 1923)
  • Oreochromis niloticus eduardianus (Boulenger, 1912)
  • Oreochromis niloticus filoa Trewavas, 1983
  • Oreochromis niloticus niloticus (Linnaeus, 1758)
  • Oreochromis niloticus sugutae Trewavas, 1983
  • Oreochromis niloticus tana Seyoum & Kornfield, 1992
  • Oreochromis niloticus vulcani (Trewavas, 1983)

Cathetan suku

  1. a b [1] (Kaundhuh tanggal 27 Mèi 2011)
  2. a b c d [2] (Kaundhuh tanggal 27 Mèi 2011)
  3. a b [3] (Kaundhuh tanggal 5 Juni 2011)
  4. a b [4] (Kaundhuh tanggal 5 Juni 2011)
  5. a b c d [5] (Kaundhuh tanggal 7 Juli 2011)

Pranata Njaba

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Nila (iwak): Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Iwak nila ya iku jinisé iwak kang urip banyu tawa. Iwak iki asal saka Afrika, kang dumunung ana ing Afrika pérangan wétan,ing taun 1969 lan mangsa saiki dadi iwak pangigonan kang misuwur ing kolam-kolam kang misuwur ing Indonésia. Jeneng ngèlmiahé ya iku Oreochromis niloticus, lan sajeroning basa Inggris misuwur kanthi sesebutan Nile Tilapia.

Iwak nila ing wujud dedegé mèmper karo iwak Mujaèr, kang bisa urip ana panggonané ing banyu butheg. sing mbédakaké kekaroné ya iku pérangan warna buntut kang semu abang. Iwak nila (Tilapia) saka Indonésia misuwur dadi iwak sing paling apik sak donya. Iwak iki saka Tlaga Toba, Sumatera Lor. Rahsiané ya iku saka pambudidayané ana ing banyu tlaga kang jeroné nganti 50 mèter kanthi suhu ana ing dhuwur lan ngisor banyu kurang luwih padha. Saka rahasiané iku ndadékaké iwak nila saka nagarané dhéwé ora mambu blethok, kang sabanjuré ndadèkaké apik kwalitasé. Ing Bali iwak Nila iki bisa diingoni ana banyu rawa lan ana ing tlaga. Saka kasil panalitèn iwak Nila dadi komoditas unggulan nomer siji saka séktor perikanan sing bisa ngalahaké kerang kang manggon ana nomer loro. Ing Kabupatén Purbalingga, Jawa Tengah akèh para kadang wong tani kang mauné ngingoni iwak Guramé, banjur malih dadi iwak Nila utawa Lèlè. Amarga gampang payuné lan luwih ora gampang kaserang lelara. Saka sajarahé iwak Nila iku uripé saka segara. Déné nganti tekan dina iki bisa urip ana banyu rawa (payau) amarga saka perkembangan jaman kang bisa diingoni déning manungsa. Iwak iki bisa dadi alternatif saliyané iwak Kakap. Kurang luwih limang wulan bisa dipanén kanthi kasil kang luwih unggul yèn ta dibandingaké karo iwak Nila biyasa.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia