dcsimg

Kemang ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kemang ya iku wit woh-wohan sajinis pelem kanthi ambu kang mbangeti lan rasa kang kecut legi. woh iki dianggep duwé kerabat lan dianggep padha karo binjai. nanging pakar-pakar nyaranake supaya dipisahake dadi jinis dhéwé, Mangifera kemanga.[1]

Kemang uga dikenal kanthi jeneng liya ya iku palong (basa Kutai, Kaltim).

morfologi

wit kemang duwé ciri-ciri kang padha karo wit pakel. bedane ing antarané godhong wit kemang gagange cendhek utawa bisa diarani ora duwé gagang lan pinggiran godhonge sempit. Malai kembang kemang luwih dawa nganti watara 75 cm, luwih arang, lan isi kembange luwih sithik. woh kemang kang mateng wernane cokelat semu ijo tuwa lan bonggole benjol. béda karo pakel woh kemang kang enom wis bisa dipangan sanajan rasané kecut banget.

cathetan sikil

  1. Verheij, E.W.M. dan R.E. Coronel (eds.). 1997. Sumber Daya Nabati Asia Tenggara 2: Buah-buahan yang dapat dimakan. PROSEA – Gramedia. Jakarta. ISBN 979-511-672-2. Hal. 261.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Kemang: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kemang ya iku wit woh-wohan sajinis pelem kanthi ambu kang mbangeti lan rasa kang kecut legi. woh iki dianggep duwé kerabat lan dianggep padha karo binjai. nanging pakar-pakar nyaranake supaya dipisahake dadi jinis dhéwé, Mangifera kemanga.

Kemang uga dikenal kanthi jeneng liya ya iku palong (basa Kutai, Kaltim).

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia