dcsimg
Image of lesser yam
Creatures » » Plants » » Dicotyledons » » Yam Family »

Lesser Yam

Dioscorea esculenta (Lour.) Burkill

Gembili ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Gembili utawi mbili (Dioscorea esculenta L., suku gadung-gadungan utawi Dioscoreaceae) tuwuhan pala kesimpar ingkang sampun arang tinemu wonten ing pasar. Ing padesan taksih akèh tinemu, sanajan sampun arang ingkang sengaja nandur. Gembili padatanipun dipunolah kanthi dipungodog. Mbili ingkang taksih mentah ing jaman rumiyen ugi kaginakaken minangka lem amargi manawi dipunparut wujudipun pliket. Uqi gembili mirib kaliyan uwi gembolo, nanging ukuranipun langkung alit.

Wit mbili ngglolor lan mrambat wonten ing tuwuhan sanèsipun. Ing sakiwa tengen griya, wit gembili limrahipun disingkirake amargi ing sakiwa tengeneipun wit mbili thukul, ugi kathah oyot awujud eri ing lemah ingkang dipunarani kemarung ingkang saged nyocok sikil ingkang midak.

Gembili dianggep wit ingkang gadhah manpangat ageng mbenjang. kathah panaliten kanggé nglestantunaken keragaman hayati saha pangolahan uwi punika dipundamel dados etanol utawi ombén-ombénan.

Nama "gembili" ugi kanggé wonten ing salah sawijing tokoh komik strip "Panji Koming", inggih punika garwa kancanipun: "Ni Dyah Woro Gembili".

Wonten ing basa Inggris dipunwastani lesser yam.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia