Asparagus inggih punika salah satunggaling nama janganan ingkang taksih kalebet satunggal spésies jinis tetaneman génus Asparagus mliginipun saking pang ingkang taksih enèm saking Asparagus officinalis.
Asparagus kathah dipuntanem ing Amérika, mliginipun ing Amérika Lor/Amérika Lèr, lan kathah sumber ingkang nyebataken bilih asparagus asaliun saking Amérika Lèr. Laladan-laladan ingkang dipuntanemi asparagus tuladhanipun inggih punika Lembah California, Sacramento, New Jersey, Carolina Kidul, lan Illinois.
Asparagus punika taneman ingkang dipundhahar bungipun, déné bung ingkang dipunpendhet punika bung ingkang ageng ingkang wernanipun pethak lan gadhah karakter empuk lan lema-lema. Asparagus padatanipun dipuncawisaken dados janganan ingkang seger boten kedah dipunmasak rumiyin utawi dados dhaharan ing kalèng.
Asparagus sampun dangu dipun-ginakaken dados bahan tetedhan amargi raosipun ingkang éco lan gadhah sipat diuretik. Kanthi sipat diuretik kasebat, asparagus gadhah khasiyat kanggé nglancaraken saluran urin saéngga saged ndadosaken ginjel makarya kanthi saé.[1] Asparagus punika sumber ingkang paling saé saking kandhutan asem folat nabati, lan kalorinipun andhap sanget, boten ngewrat lemak utawi kolesterol, saha unsur natriumipun namung sakedhik. Taneman punika ugi kalebet sumber rutin, inggih punika satunggaling senyawa ingkang saged damel langkung kiyat dhindhing kapiler.
Asparagus punika ngewrat sodium ingkang sakedhik. Asparagus ugi dados sumber ingkang paling saé kanggé vitamin B6, kalsium, magnesium, lan seng, ugi dados sumber ingkang saé sanget kanggé serat, protéin, vitamin A, vitamin c, vitamin K, vitamin E, thiamin, riboflavin, rutin, niacin, asem folat, wesi, fosfor, kalium, tembaga, mangan lan selenium. Asam amino asparagina punika pikantuk saking taneman asparagus punika.[2]
Pangipun asparagus ingkang wadon langkung lema lan padhet isinipun tinimbang pang asparagus ingkang jaler. Asparagus ingkang langkung empuk inggih punika asparagus ingkang wenanipun ijem utawi pethak, sanès ingkang tipis. Asparagus boten saged dimbu ing wekdal ingkang dangu, ingkang saé langsung dipunsayur ing dinten punika utawi ing wekdal paling dangu tigang dinten.
Punika rantaman manéka warna kandhutan gizi ingkang kawrat wonten ing asparagus:[3]
Kandhutan Gizi Asparagus per 100 g (3.5 oz)