dcsimg
Image of Pterospermum javanicum Jungh.
Creatures » » Plants » » Dicotyledons » » Mallows »

Pterospermum javanicum Jungh.

Bayur ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
 src=
Kembang Bayur

Bayur duwé jeneng élmiyah pterospermum javanicum utawa pterospermum blumeanum j ya iku wit taunan saka kulawarga Malvaceae. Wit iki dhuwuré bisa nganti 50 mèter lan dhiamèter galihé 110 séntimèter. Galihé silindhris lan wernané klawu kasoklatan. Godhongé ijo asimètris. Kembangé kasusun ing malai soklat lan tuwuh ing kèlek godhong. wohé maujud kapsul lan bisa pecah nalika wis tuwa.

Ékologi

 src=
Godhong Bayur

Kembang Bayur diprodhuksi saben taun.[1] Tetuwuhan iki tuwuh mawa wiji. Pasebaran wiji direwangi dening angin.[2] Wit iki tuwuh 1-400 méter ing sadhuwuring samodra lan akèh ditemoni ing alas kanopi lan ing pèrèng. Pasebaran ing Jawa, Sumatera lan Kalimantan.

Piguna

Kayu Bayur bisa kanggo gawé kreteg, prau, mèbel, lawang, kagunan, ukiran.[3] Pepangan kanggo obat lara weteng, bisul, disentri, lara untu, kesleo lan kulit mlepuh.

Rujukan

  1. "Asian Plant".
  2. "Useful Tropical Plants".
  3. Partomihardjo, Tukirin dkk. (2014). Jenis-Jenis Pohon Penting di Hutan Nusakambangan. Jakarta: LIPI Pers bersama Yayasan Pustaka Obor Indonesia. k. 35. ISBN 978-979-799-804-2.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Bayur: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
 src= Kembang Bayur