dcsimg

Kemladhèh ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kemladhèh utawa kemladhèyan (basa Indonésia: benalu, basa Latin:Loranthus, suku Loranthaceae) iku jinisé golongan tetuwuhan parasit obligat kang urip ana ing pang (dahan) wit tetuwuhan liyané. Kemladhèh bisa tinemu kanthi gampang ing wit-witan kang gedhé ing tlatah tropis. Tentanduran iki ngasilaké tlutuh utawa dhadhak kang pliket. Panyebaran tetuwuhan parasit iki, mergané diréwangi déning unggas (ornithokori) utawa jinis-jinis manuk. Manuk kang mangan woh lan wijiné lan nelèkaké ing pang, lan wijiné banjur thukul nyambah. Wit siji iki gampang urip ana ing wit-witan ing tlatah tropis, kaya ta ing wit pelem, jeruk, jambu wiji, jambu kluthuk, jambu banyu, nangka, lan sapanunggalané.

Kemladhèh sajeroning sanépa

Kemladhéh diibarataké kayadéné wong kang seneng mélu utawa numpang kepentingané ing pangudiné wong liya kanthi ora usaha dhéwé. Ing Basa Inggris karan parasit utawa hive.

Sanépa Kemladhéyan ngajak sempal, diparabaké tumrap wong kang ngajak lan ndadèkaké cilaka uripé wong utawa panggonan kang ditumpangi.

Cithakan:Tetuwuhan-stub

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Kemladhèh: Brief Summary ( Javanese )