dcsimg

Mliwis ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Mliwis iku arane jeneng manuk kang urip ing panggon banyu. Mliwis duwé sirah sing wernane kuning pucet, semono uga gulu lan pérangan awak ngisoré. mliwis iku jinis kéwan sing senengane nglumpuk. Mliwis urip ana ing banyu kang tawar sing lumrahé akèh wit-witane. Manawa gawé susuh, lumrahé mliwis gunakake susuh tilas manuk liyané. Yèn ngendhog, mliwis bisa ngetokaké nganti 6-12 endhog.

Sajarah

Mliwis utawa Lesser Wishtling Duck iki bisa uga dijipuk dagingé. Miturut data taun (2006), cacahé mliwis ing Danau Mahakam Kalimantan Wétan (2004) kurang luwih 120.000-165.000 mliwis 95%-é utawa 114.000 – 156.000 dipasaraké ing Banjarmasin.

Saka asil peneliten Fakultas Kehutanan Universitas Mulawarman, Balai KOnservasi Sumber Daya Alam (BKSDA) Kalimantan Wétan lan Universitas Amsterdam Walanda mènèhi dudutan manawa 2 taun kapungkur wis nyekel 28.629 mliwis kembang ing Danau Mahakam Kalimantan Timur.

Kéwan iki durung akèh tinemu mupangaté. Ing Indonésia ana 15 warna Mliwis, loro ing antarané wis bisa dibudidaya ya iku, Dendrocygna javanica (mliwis watu) lan Dendrocygna arculata (mliwis kembang).

mliwis kalebu kéwan sing dilindhungi, saéngga dijaga kanthi apik, nanging ing Indonésia, kéwan iki durung kalebu kéwan alasan sing dilindhungi.[2]

Rujukan

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Mliwis: Brief Summary ( Javanese )