dcsimg

Walang kadung ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Walang kadung utawa dhéyé iku ordho (Mantodea) kéwan gegremetan kang anggotané ana punjul 2.400 spésies ing sajeroning 430 génus ing sajeroning 15 famili. Famili kang anggotané akèh dhéwé ya iku Mantidae. Walang kadung sumebar ing saindengé donya, mligi ing laladan anget lan tropis. Endhasé wujud pojok telu (triangluar) kanthi mata kang mlolo lan gulu luwes. Awaké ana kang duwé utawa tanpa suwiwi, nanging kabèh Mantodea duwé lengen gedhé kanggo nyekel lan ngengkeng mangsané. Pawakané jejeg lan lengené mingkup yèn lagi meneng.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia