dcsimg

Pé manta ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Iwak epé manta (jeneng latin: Manta birostris, basa Indonésia Ikan pari manta) iku kalebu salah sijiné iwak kang duwé ukuran gedhé dhéwé ing donya.[1] Salah sijiné spésies iwak epé ya iku iwak epé manta utawa kang duwé jeneng latin Manta Birostris.[1] Ambané iwak pari saka pucuk sirip dhadha nganti pucuk sirip liyané tekan 7 mèter.[1] Boboté iwak pari nganti tekan 3 ton.[1]

Iwak epé tinemu ing lautan tropis ing kabèh segara ing donya, kurang luwih antarané 15 drajat lintang lor nganti 35 drajat lintang kidul.[1] Panyebarané kang amba lan penampilané kang unik ndadèkaké iwak iki duwé akèh jeneng ya iku "manta Pasifik", "manta Atlantik", "devil fish", lan "sea devil".[1]

Ing Indonésia, epé manta duwé jeneng lokal kang béda-béda antarané siji laladan karo laladan liyané.[1] Jeneng iki kaya ta cawang kalung, plampangan, lan pari kebo.[1] Diarani epé kebo amarga ana pérangan awaké kang mèmper kaya sungu kebo ing ndhasé saéngga dianggep mèmper kebo.[1]

Iwak epé kususé epé manta kalebu kéwan kang akèh diburu.[2] Nanging IUCN nerangaké yèn cacahé epé manta durung kalebu kéwan kang dianggep cures.[2] Populasi epé manta dianggep arang amarga kagiyatan ing laut lan kaanan laut kang akèh kena polusi, nanging rasio réprodhuksi iwak epé kang asor.[2]

Manta kagolongaké famili Myliobatidae kang cacahé ana 40 spésies.[2]

Cathetan sikil

  1. a b c d e f g h i fishbase.org(diundhuh tanggal 11 Juni 2011)
  2. a b c d Manta Ray FAQ Elasmo-Research elasmo-research.org(diundhuh tanggal 11 Juni 2011)
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Pé manta: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Iwak epé manta (jeneng latin: Manta birostris, basa Indonésia Ikan pari manta) iku kalebu salah sijiné iwak kang duwé ukuran gedhé dhéwé ing donya. Salah sijiné spésies iwak epé ya iku iwak epé manta utawa kang duwé jeneng latin Manta Birostris. Ambané iwak pari saka pucuk sirip dhadha nganti pucuk sirip liyané tekan 7 mèter. Boboté iwak pari nganti tekan 3 ton.

Iwak epé tinemu ing lautan tropis ing kabèh segara ing donya, kurang luwih antarané 15 drajat lintang lor nganti 35 drajat lintang kidul. Panyebarané kang amba lan penampilané kang unik ndadèkaké iwak iki duwé akèh jeneng ya iku "manta Pasifik", "manta Atlantik", "devil fish", lan "sea devil".

Ing Indonésia, epé manta duwé jeneng lokal kang béda-béda antarané siji laladan karo laladan liyané. Jeneng iki kaya ta cawang kalung, plampangan, lan pari kebo. Diarani epé kebo amarga ana pérangan awaké kang mèmper kaya sungu kebo ing ndhasé saéngga dianggep mèmper kebo.

Iwak epé kususé epé manta kalebu kéwan kang akèh diburu. Nanging IUCN nerangaké yèn cacahé epé manta durung kalebu kéwan kang dianggep cures. Populasi epé manta dianggep arang amarga kagiyatan ing laut lan kaanan laut kang akèh kena polusi, nanging rasio réprodhuksi iwak epé kang asor.

Manta kagolongaké famili Myliobatidae kang cacahé ana 40 spésies.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia