dcsimg

Mimba ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
 src=
Mimba kang lagi woh

Mimba, uga dikenal kanthi jeneng Imba, Mimbo iki duwé jeneng élmiyah Azadirachta indica. Tanduran iki kalebu kulawarga Meliaceae. Wit iki duwé kayu kang atos, kulité kasar lan dhuwuré bisa ngancik 20 mèter. Godhongé awerna ijo lunyu kanthi dawa 5-10 cm lan amba 2-4 cm. Wijiné lonjong atos wernané soklat. Wit iki duwé oyot tunggang. Tetuwuhan iki bisa ngasilaké kayu atos kanggo bahan bangunan. Wit iki bisa ngasilaké wiji sakwisé umur 5 taun. Prodhuksi godhong garing bisa nganti 350kg saben taun.

Ékologi

 src=
Woh Mimba

Mimba sepisanan ditemokaké ing tlatah India. Sakwisé iku nyebar ing tlatah tropis liyané ing saindhening donya. Wit Mimba bisa thukul sarana wijiné sing wis tuwa. Ing Indonésia, Mimba akeh ditandur ing pinggir dalan utawa mawa wit ing pinggiring alas. Tetuwuhan iki bisa thukul ing lemah kang masir kaya ta lemah ing pinggir pesisir lan bisa uga cedhak gunung kanthi dhuwuré 1000 mèter ing dhuwur segara.[1]

Rujukan

  1. Widiyastuti, Yuli (2009). Jenis Tanaman Beracun. Tawangmangu Karanganyar: Balai Besar Penelitian dan Pengembangan Tanaman Obat dan Obat Tradisional. k. 21. ISBN 978-979-985-722-4.
license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Mimba: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages
 src= Mimba kang lagi woh