Arachnida ya iku salah sawijiné kelas kéwan invertebrata Arthropoda subfilum Chelicerata.[1] Tuladha saka Arachnida ya iku mangga , kalajengking, lan tungau.[1] Luwih saka 75.000 spésies Arachnida kang bisa tinemu déning para èlmuwan ya iku jinis mangga.[2] Arachnida kalebu kéwan karnivora amarga racaké mangsa gegremet lan terestial kang urip ing dharat.[2]
Padatan, Arachnida kalebu kéwan kang urip ing dharatan. Nanging, uga ana kang urip ing segara.[1] Awaké kawangun saka sefalotoraks, abdomen, lan 4 pasang sikil.[1] Arachnidéa duwé mripat tunggal, awaké berbuku lan bisa dibédakaké jinis lanang lan jinis wadon.[1] Kéwan iki ora nduwé antena lan mandibula.[1]
Sistem pencernaan Arachnidaé kawangun saka lambé, tenggorokan, lambung, usus alus, anus, lan klanjer racun kanggo matèni mangsané.[1] Rèspirasi Arachnida nganggo paru-paru buku lan trakéa.[1] Sistem èkskrèsiné kanthi saluran Malphigi lan sistem sarafé ya iku sistem saraf tangga tali, déné fertilisasiné kanthi cara internal lan ora ngalami metamorfosis.[1] Reprodhuksi Arachnida kadadèn kanthi cara sèksual, ya iku nyawijiné ovum lan spèrma ing jero awak kéwan wadon.[3] Kéwan lanang lan wadon kapisah kang diarani diesis.[3]
Arachnida kapérang dadi telung ordho, ya iku Arachnoidea, Scorpionida, lan Acarina.[4]
Tuladha kéwan kang kalebu ordho Arachnoidea ya iku:
Kéwan iki nduwé weteng wujudé ros-ros lan ing ros kang pungkasan malih dadi piranti kanggo mbéla dhiri.[5] Tuladhané ya iku:
Tuladahané ya iku:
Arachnida ya iku salah sawijiné kelas kéwan invertebrata Arthropoda subfilum Chelicerata. Tuladha saka Arachnida ya iku mangga , kalajengking, lan tungau. Luwih saka 75.000 spésies Arachnida kang bisa tinemu déning para èlmuwan ya iku jinis mangga. Arachnida kalebu kéwan karnivora amarga racaké mangsa gegremet lan terestial kang urip ing dharat.