Kulit-eri (Echinodermata) inggih punika salah satunggaling filum saking kéwan avertebrata.[1] Echinodermata asalipun saking basa Yunani inggih punika kawangun saking tembung echin ingkang tegesipun eri kaliyan derma ingkang tegesipun kulit.[1] Dados, Echinodermata punika tegesipun kéwan ingkang kulitipun awujud eri.[1] Tuladha kulit-eri inggih punika lintang segara lan tripang.[2] Sedaya jinis kulit-eri gesang ing seganten kanthi bébas.[2] Sepèsiyès-sepèsiyès punika obah kanthi cara mbrangkang alon sanget kaliyan boten wonten ingkang gesang parasitik.[2] Jinis ingkang gesangipun nèmpèl (sesil) namung lilia seganten.[2]
Wangunipun badan Kulit-eri diwasa simètri radial, gadhah balung njero ingkang wujud dat kapur kanthi brenjolan eri ing lumah.[1] Déné larvanipun awangun simètri bilateral ingkang gadhah tigang lapisan, wonten silia ing organ badanipun, boten gadhah mustaka kaliyan utek.[1] Piranti obah Kulit-eri wujud sikil bumbung ingkang dipunwastani suku ambulakral.[1] Sistem iles-ilesanipun taksih prasaja, ugi wonten ingkang boten gadhah anus. Sistem lelaku getih dèrèng cetha lan ugi taksih prasaja.[1] Ambeganipun nganggé angsang utawi papula, inggih punika brenjolan ingkang wonten ing gronggongan badan.[1] Sistem sarafipun kawangun saking saraf inggil wujud bunderan utawa awangun ali-ali ingkang ngubengi tutuk lan saraf radial ingkang tumuju tangan.[1] Réprodhuksinipun kanthi cara generatif, inggih punika leburipun sperma kaliyan ovum ingkang salajengipun ngasilaken zigot.[3]
Filum Echinodermata kapérang dados gangsal kelas, inggih punika Asteroidea, Ophiuroidea, Holothuroidea, Echinoidea, kaliyan Crionoidea.
Echinodermata inggih punika kéwan ingkang mangan bathang, sisa-sisa kéwan, kaliyan regedan kéwan segara sanèsipun. Dados, Echinodermata bisa ngresiki segara amargi mangani sisa-sisa wau.[5] Echinodermata ugi saged dipundadosaken bahan panganan.[5] Tuladhanipun mentimun laut (teripang) ingkang sekéca sanget dipundadosaken sop utawi krupuk.[5]
Kulit-eri (Echinodermata) inggih punika salah satunggaling filum saking kéwan avertebrata. Echinodermata asalipun saking basa Yunani inggih punika kawangun saking tembung echin ingkang tegesipun eri kaliyan derma ingkang tegesipun kulit. Dados, Echinodermata punika tegesipun kéwan ingkang kulitipun awujud eri. Tuladha kulit-eri inggih punika lintang segara lan tripang. Sedaya jinis kulit-eri gesang ing seganten kanthi bébas. Sepèsiyès-sepèsiyès punika obah kanthi cara mbrangkang alon sanget kaliyan boten wonten ingkang gesang parasitik. Jinis ingkang gesangipun nèmpèl (sesil) namung lilia seganten.