dcsimg

Bratawali ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Bratawali ing basa Latin dikenal kanthi jeneng Tinospora crispa L. Miers.[1][2][3] Bratawali uga nduwé jeneng laladan, ya iku butrawali, batrawali (ing basa Jawa), putrawali, andawali (ing basa Sunda), antawali (ing basa Bali), lan gandel.[2][3] Ing basa Cina, bratawali dikenal kanthi jeneng shen jin wonten ing.[4] Bratawali isih sakulawarga ing Menispermum verricosum Flem.[1][5]

Ciri Fisik

Bratawali duwé godhong kang wernané ijo lan dhapuré kaya jantung utawa pedhang, kaya déné godhong suruh, rada bunder, ambané 6–12 cm.[2][3][6] Godhongé kalebu jinis godhong tunggal, duwé gagang, lan pucuké rada lancip.[2] Kembang bratawali ukurané cilik lan duwé makutha kang cacahé 6.[4][7] Kembange yèn isih mingkup wernane ijo, déné kembange kang megar wernane abang lan putih.[8] Gagang brotowali dawa lan akèh kutilé.[4] Woh brotowali yèn isih nom wernané ijo nom, déné wis mateng wernané jambon.[7]

Panggon Thukul

Wit bratawali bisa tinemu thukul alasan ing alas utawa tegalan. Nanging, amarga kasiyate, akèh warga kang nandur ing latar omah utawa mburi omah.[2] Akèh kang percaya yèn bratawali asalé saka Asia Tenggara lan India.[9] Wit iki kasebar, mligi ing laladan tropis, amarga wit iki seneng urip ing panggonan kang rada panas.[2]

Kandhungan lan paédah

Bratawali duwé alkaloid, damar empuk, pathi, glikosida pikroretosid, zat pait pikroretin, harsa, berberin, lan palmatin. Zat pait pikroretin bisa ngunggahna saraf supaya piranti-piranti pernafasan bisa kerja luwih apik lan mudhunaké panas.[3] Alkaloid berberina bisa matèni bakteri yèn tatu, korèngen, lan kudisen. Saliyané iku, brotowali uga duwé paédah bisa nambah nafsu mangan lan mudhunaké kadar gula.[9] Bratawali uga bisa marekaké lara memar, gatel-gatel, malaria, panas, hépatitis, diabetes, rématik, lan nambah nafsu mangan.[1][2]

Cathetan suku

  1. a b c Lembaga Penelitian Pengembangan dan Pemberdayaan Lingkungan. 2000. Pemanfaatan Tumbuh-Tumbuhan Alami Untuk Keséhatan dan Pengobatan Alternatif. Jawa Tengah: Jaya Madani
  2. a b c d e f g Inu, Ade. 1982. Kebun Apotik. Jakarta: Aries Lima Hal 5-6
  3. a b c d Wijayakusuma, Hembing. 2006. Resep Alami dari Pakar Herbal Atasi Asam Urat & Rematik Ala Hembing. Jakarta: Puspa Swara. Hal 22-23. ISBN 979-24-4807-1
  4. a b c Muhlisah, Fauziah. 2001. Taman Obat Kulawarga. Jakarta: Panebar Swadaya. Hal. 11-13. ISBN 979-489-308-0
  5. Tanaman obat Bratawali {kajupuk tanggal 26 Fèbruari 2011 tabuh 17.24}
  6. Majalah Trubus Edisi Khusus. ISSN 0128-0057. Hal 216
  7. a b Tukiman. 2009. Pemanfaatan Tanaman Obat Kulawarga (TOGA). Sumatera Utara: Pendidikan Keséhatan dan Ilmu Perilaku Fakultas Keséhatan Masarakat
  8. Dalimarta, Setiawan. 2001. 96 Resep Tumbuhan Obat untuk Reumatik. Jakarta: Panebar Swadaya. ISBN 979-489-560-1
  9. a b Medikaholistik.com

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Bratawali: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Bratawali ing basa Latin dikenal kanthi jeneng Tinospora crispa L. Miers. Bratawali uga nduwé jeneng laladan, ya iku butrawali, batrawali (ing basa Jawa), putrawali, andawali (ing basa Sunda), antawali (ing basa Bali), lan gandel. Ing basa Cina, bratawali dikenal kanthi jeneng shen jin wonten ing. Bratawali isih sakulawarga ing Menispermum verricosum Flem.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia