dcsimg

Kemangga ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kemangga, (jeneng liya mangga utawa kalamangga, sok-sokan angga-angga), iku sajinis kéwan kanthi awak ros-rosan (Arthropoda) mawa rong sègmèn badan, patang pasang sikil, ora duwé sewiwi lan ora duwé cangkem pamamah. Kabèh jinis angga-angga digolongaké ing ordho Araneae; lan padha karo kalajengking, tumo, caplak lan kerabaté—kabèh sing sikilé wolu—dilebokaké ing kelas Arachnida. Elmu sing nyinaoni ngenani angga-angga ya iku arachnologi.

Angga-angga wujud kéwan pamangsa (karnivora), malah kadhang uga kanibal. Mangsa mligi ya iku gegremet. Mèh kabèh jinis angga-angga, kajaba watara 150 spésies saka suku Uloboridae lan Holarchaeidae, lan subordo Mesothelae, bisa nyuntikaké wisa liwat sapasang taringé marang mungsuh utawa mangsané. Sanadyan mangkono, saka puluhan éwu spésies sing ana, mung watara 200 spésies kang wisane bisa mbebayani kanggo manungsa.

Ora kabèh angga-angga gawé sawang kanggo nyekel mangsa, nanging kabèh bisa ngasilaké bolah sutra utawa lamat—ya iku leran serat protéin sing tipis nanging kuwat—saka klanjer (ingaran spinneret) sing ana ing pérangan mburi badané. Serat sutra iki banget migunani kanggo mbiyantu obahé angga-angga, ngayun saka papan siji menyang papan liyané, njiret mangsa, nggawé kanthong endhog, nglindhungi bolongan susuh, lan liya-liyané.

Morfologi

 src=
Anatomi angga-angga:
(1) patang pasang sikil
(2) cephalothorax
(3) opisthosoma

Ora kaya gegremet sing duwé telung pérangan badan, angga-angga mung duwé loro. Sègmèn pérangan ngarep diarani cephalothorax utawa prosoma, sing sabeneré wujud gabungan saka endhas lan dhadha (thorax). Éwadéné sègmèn pérangan mburi diarani abdomen (weteng) utawa opisthosoma. Antara cephalothorax lan abdomen ana panyambung tipis sing dijenengi pedicle utawa pedicellus.

Ing cephalothorax ana patang pasang sikil, lan siji tekan patang pasang mata. Saliyané sapasang rahang kanthi suing gedhé (diarani chelicera), ana uga sapasang utawa sapérangan piranti pambiyantu cangkem sarupa tangan sing diarani pedipalpus. Ing sapérangan jinis angga-angga, pedipalpus ing kéwan lanang diwasa saya gedhé lan malih fungsiné minangka piranti pambiyantu nalika kawin.

Angga-angga ora duwé cangkem utawa untu kanggo mamah. Minangka gantiné, cangkem angga-angga wujud piranti panyedhot kanggo nyedhot cuwèran badan mangsané.

Piranti ngrasa

Mata angga-angga lumrahé wujud mata tunggal (mata mawa lensa tunggal), lan dudu mata majemuk kaya ing gegremet. Akèh-akèhé angga-angga duwé pandelengan sing ora patiya apik, ora bisa mbédakaké warna, utawa mung sing sensitive marang padhang lan peteng. Angga-angga sing manggon ing guwa malah ana sing wuta. Kejaba ing sapérangan angga-angga pamburu sing duwé pandelengan tajem lan apik, kalebu nalika ngenali warna.

Kanggo nengeri tekané mangsané, lumrahé angga-angga ngandhelaké geteran, ing jaring-jaring sutrané utawa ing lemah, banyu, utawa papan sing diéncoki. Ana uga angga-angga sing bisa ngrasakaké bédané tekanan udara. Piranti panggrayang angga-angga ana ing rambut-rambut sikilé.

Taksonomi

Familia kang kacithak kandel duwé siji utawa pira-pira spésies kang duwé wisa.

Sources:

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Kemangga: Brief Summary ( Javanese )