dcsimg

Warak ireng ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Warak Ireng (Diceros bicornis) iku mamalia sing kalebu ordho perissodactyla lan kéwan asli Afrika Wétan lan Tengah, ing nagara-nagara kaya Kénya, Tanzania, Kamérun, Afrika Kidul, Namibia lan Zimbabwé. Éwadéné warak iki diarani warak ireng, warnané sajaké klawu semu putih. Jeneng warak ireng iki dipilih kanggo mbédakaké kéwan iki saka warak putih (Ceratotherium simum). Prakara warna iki bisa dadi kaluputan amarga rong spésies mau pancèn ora bisa dibédakaké warnané. The World Conservation Union (IUCN) mbiwara dhèk surya 7 Juli 2006 manawa saprapat subspésiés warak ireng afrika kulon (Diceros bicornis longipes) dinyatakaké cures.[1] Spésies iki saiki statusé kritis.

Cathetan sikil

  1. "West African black rhino 'is extinct'". The Times. July 7, 2006. Dijupuk 2007-10-09. Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)

Pratélan pustaka

  • Emslie, R. and Brooks, M. (1999), African Rhino. Status Survey and Conservation Action Plan., IUCN/SSC African Rhino Specialist Group. IUCN, Gland, Switzerland and Cambridge, UK, ISBN 2831705029
  • Rookmaaker, L. C. (2005), "Review of the European perception of the African rhinoceros", Journal of Zoology 265 (4): 365–376, doi:10.1017/S0952836905006436

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia

Warak ireng: Brief Summary ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Warak Ireng (Diceros bicornis) iku mamalia sing kalebu ordho perissodactyla lan kéwan asli Afrika Wétan lan Tengah, ing nagara-nagara kaya Kénya, Tanzania, Kamérun, Afrika Kidul, Namibia lan Zimbabwé. Éwadéné warak iki diarani warak ireng, warnané sajaké klawu semu putih. Jeneng warak ireng iki dipilih kanggo mbédakaké kéwan iki saka warak putih (Ceratotherium simum). Prakara warna iki bisa dadi kaluputan amarga rong spésies mau pancèn ora bisa dibédakaké warnané. The World Conservation Union (IUCN) mbiwara dhèk surya 7 Juli 2006 manawa saprapat subspésiés warak ireng afrika kulon (Diceros bicornis longipes) dinyatakaké cures. Spésies iki saiki statusé kritis.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia