dcsimg

Kapibara ( Javanese )

provided by wikipedia emerging languages

Kapibara (Hydrochaeris hydrochaeris) ya iku sawijining jinis kéwan pengerat gedhé dhéwé kang isih ana ing donya (kéwan pengerat gedhé dhéwé kang wis cures ya iku Phoberomys pattersoni). Kapibara minangka kéwan asli saka laladan tropis lan lembap ing Amérika kidul. Kapibara uga bisa tinemu ing laladan wétan Andes saka wewengkon Kanal Panama nganti laladan lor Kolombia lan Venezuala, Uruguay, lan Provinsi Buenos Aires ing Argentina.

license
cc-by-sa-3.0
copyright
Penulis lan editor Wikipedia