Komodho utawa menyawak komodho (Varanus komodoensis) ya iku spésies kadal gedhé dhéwé sadonya kang urip ing pulo Komodo, Rinca, Flores, Gili Motang, lan Gili Dasami ing Nusa Tenggara.Biawak gedhé iki saka pendhudhuk asli Pulo Komodo mau déning sesebutan ora.
Komodo kagolong ing kulawarga biawak Varanidae lan klad Toxicofera, kadhal kang gedhé dhéwé sadonya kanthi rata-rata duwé dawa awak minangka 2 m nganti 3 mèter. Wujud komodho kang duwé bleger awak kang gedhé minangka tandha-tandha gigantisme pulo ya iku kaanan kang ana ing alam gawé awak komodo dadi gedhé kaya kéwan raseksa kang urip ana ing pulo. Minangka pangowahan kang ana ing wujud awak komodo kéwan-kéwan tartemtu kang urip ing pulo ndadèkaké ora pinuwuhé kayat kéwan mamalia karnivora ing pulo kang komodho urip uga njalari metabolisme komodo kang urip sancaya cilik utawa bebayan/langka.[1][2] Amarga awaké kang paling gedhé ing sajeroning ékosistem pulo kang didunungi, kadhal iki dadi prédhator puncak ing papan mau.[3]
Komodo tinemu déning peneliti saka manca kulon taun 1910. Awake kang gedhé lan ketok medeni nggawe Komodo misuwur ing kebon binatang. Habitat Komodo ing alam wis samsaya entek amarga polahe manungsa. Kaanan kaya ngono IUCN ndadèkaké Komodo dadi spésies kang arep cures. Biawak gedhé iki saiki dilindungi praturan pamarintah Indonésia lan Taman Nasional, ya iku Taman Nasional Komodo.
Ing alam bébas Komodo bisa duwé bobot kurang luwih nganti 70 kg [4]. Kaanan mangkono bisa katingkatake minangka komodo urip ana ing penangkaran/pangopenan. Spesies kang gedhé dhéwé kang naa ing alam alasan ya iku duwé dawa 3.13 mèter uga bobot kurang luwih 166 kilogram kang kaetung minangka panganan kang ana ing weteng [5] Komodo kacathat minangka kadhal kang pali gedhé kang urip ing donya. Kéwan kulawarga reptil kang misuwur kejaba komodo ya iku biawak Papua (Varanus salvadorii).[6] Komodo duwé buntut kang dawa déning awaké uga kulang luwih 60 wiji untu kang lancip uga dawa kurang luwih 2.5 cm.[7].
Idu komodo kang asring cecampuran getih amarga untuné duwé lapisan jaringan gingiva uga jaringan kang ana bisa kacokot wektu mangan.[8] Kaanan mangkono nyipta lingkungan partumbuhan kang ideal kanggo baktèri bisa mati ing cangkem komodo.[9] Komodo duwé ilat kang dawa, warna kuning lan ngepang cabang.[5] Komodo lanang bisa didicireni ing wujud awak kang gedhé tinimbang komodo wadon,Werna kulit komodo kang aneka warna, bisa digolongake utawa dibédakaké minangka jinis lanang utawa wadon.Werna kulit klawu mateng ngathi abang bata. Semanauga komodo wadon duwé warna ijo wong zaitun lan duwé warna kuning kang ana ing gorokan utawa kalamenjeng. Komodo kang isih enom duwé warna kuning,ijo lan putih kang didasari warna ireng
Komodo ora duwé indera pangkugron,sanajan duwé bolongan kuping.[10] Kéwan siji iki duwé kaunggula bisa deleng nganti 300 m.Nanging komodo duwé kakurangan ya iku ora bisa ndeleng ing wektu mbengi amarga retina kang diduwèni komodo kapengkar saka sèl krucut. Komodo bisa mbedakake warna minangka ing wujud kang mlaku (obah) lan warna ing wujud kang ora mlaku kang ora jelas.[11] Komodo migunkake ilat kanggo ngambu/ngerasakake stimuli, kaya ta reptil liyané, migunakaké indera vomeronasal mumpangatake organ Jacobson, salah siji kaahlian kang bisa biyantu mlaku ing wayah peteng utawa mbeng.[12] Déning anané biyantu angin lan kabiasaan ngelengake ndhasé ing kiwa lan tengen sajeroning malaku, bisa ngerasakake daging batang ing jarak 4—9.5 kilomèter.[8] Bolongan irung kang duwé mupangat kanggo piranti pangambungan/ pangambusan amarga komodo ora duwé piranti pangambungan kang luwih apik. diafragma.[13] Hewan ini tidak memiliki indra perasa di lidahnya, hanya ada sedikit ujung-ujung saraf perasa di pérangan belakang tenggorokan.[12]
Komodho utawa menyawak komodho (Varanus komodoensis) ya iku spésies kadal gedhé dhéwé sadonya kang urip ing pulo Komodo, Rinca, Flores, Gili Motang, lan Gili Dasami ing Nusa Tenggara.Biawak gedhé iki saka pendhudhuk asli Pulo Komodo mau déning sesebutan ora.
Komodo kagolong ing kulawarga biawak Varanidae lan klad Toxicofera, kadhal kang gedhé dhéwé sadonya kanthi rata-rata duwé dawa awak minangka 2 m nganti 3 mèter. Wujud komodho kang duwé bleger awak kang gedhé minangka tandha-tandha gigantisme pulo ya iku kaanan kang ana ing alam gawé awak komodo dadi gedhé kaya kéwan raseksa kang urip ana ing pulo. Minangka pangowahan kang ana ing wujud awak komodo kéwan-kéwan tartemtu kang urip ing pulo ndadèkaké ora pinuwuhé kayat kéwan mamalia karnivora ing pulo kang komodho urip uga njalari metabolisme komodo kang urip sancaya cilik utawa bebayan/langka. Amarga awaké kang paling gedhé ing sajeroning ékosistem pulo kang didunungi, kadhal iki dadi prédhator puncak ing papan mau.
Komodo tinemu déning peneliti saka manca kulon taun 1910. Awake kang gedhé lan ketok medeni nggawe Komodo misuwur ing kebon binatang. Habitat Komodo ing alam wis samsaya entek amarga polahe manungsa. Kaanan kaya ngono IUCN ndadèkaké Komodo dadi spésies kang arep cures. Biawak gedhé iki saiki dilindungi praturan pamarintah Indonésia lan Taman Nasional, ya iku Taman Nasional Komodo.